bocah loro iki isih sedulur sak embah, arane sedulur apa ya, nek cara bahasa indonesia mono arane "saudara sepupu". sing rambute rada ngombak jenenge DAME, cekakan saka Dameria Cahya Mentari Umardhaniprasetya, anake adhiku wadon. dene sing rambute dikuncir najan rambute mung sak umprit iku jenenge DIKA, cekakan saka Ramadhani Dharma Mahardikawati Handoyoputri, anakku sing nomer telu. wah, tibake anakku wis akeh ya. ora krasa pancen awake dhewe tansaya tuwa. bocah sakloron lair taun 2010 kepungkur, wulan agustus, mung beda rong dina, anakku lair tanggal
14 wengi dene ponakanku lair tanggal 16 wengi. kanggo gampanging
pepeling, ana ing layang klairan ponakanku dicathet lair tanggal 17 agustus, dina kamardikan, dene anakku tetep kacathet tanggal 14 agustus, dina Kepanduan utawa Pramuka.
wis lumrahe bocah, sarwa lucu lan nggemesake pratingkahe. gandheng ora manggon sak omah, nek suwe ora kepethuk ajeg nakonke, nek kepethuk ya trus dolanan gayeng, sok nganggo ana sing nangis iku wis lumrah. kaya kang isa panjenengan pirsani ing gambar ndhuwur iku, bocah loro nembe rebutan sapu ana latare simbok gedheku, mBok Giyah.
lha iya tho, nek bocah cilik ki gaweyan wae dinggo rebutan. apa ana critane nek "bocah tuwa" uga rebutan gaweyan? nek isa malah nyingkrihi gaweyan tho. nek dhuwit utawa bayarane iku sing mesthi dadi rebutan.
"ana rembug, dirembug bareng. ana panganan, dipangan bareng. ana gaweyan? tinggal lunga !"
ora ngajak utawa ngajari lho, aku mung crita.
kulonuwon mas, wah momongan sampeyan sregep senajan tesih alit. biyasane menawi rayahan nggih rayahan panganan utawa dolanan, lha niki malah rayahan gaweyan. waaahh
BalasHapusnjih bokmanawi sejatosipun kemawon kangge saumuran lare-lare kula niku samubarang ingkang wonten ngalam donya punika kaanggep dolanan walaka. sarana makarya kaanggep dolanan, sapu sada saged kangge tunggangan kados sapu terbangipun nenek sihir. panganan njih kaanggep dolanan, asring kula sumerepi panganan namung kangge balang-balangan, dereng saged ngraosaken sisahipun tiyang sepuh tumbas panganan kalawau ingkang kedah pun bayar ngangge dluwang agambar pahlawan nasional.
BalasHapus(maturnuwun sampun kersa pinarak wonten blog kula ingkang boten mbejaji punika).