Selasa, 23 April 2013

aku tanda tanya belaka.
aku adalah solusi. tanpa solusi, masihkah aku berarti?
aku adalah jawaban. tanpa jawaban, bukankah aku hanya sekedar beban?
aku adalah ketegasan. tanpa ketegasan, pantaskah aku mengaku pimpinan?
aku adalah keteladanan dan pencerahan. tanpa keteladan dan pencerahan, layakkah aku mengimami rombongan?
dunia seolah-olah.
di "dunia seolah-olah" tampaknya semua serasa indah.
seolah penting, suara nyaring tenggorokan kering, bikin pening, awas bisa bikin sinting.
seolah kuasa, padahal hampa, bikin merana, awas bisa bikin gila.
seolah setia, padahal mendua, bikin sengsara, awas bisa kena karma.
seolah kerja, padahal miskin karya, hanya sekedar habiskan masa, wah makan gaji buta.
seolah hidup rapih, padahal harta tak bersih, mestinya lebih pilih-pilih, penjara dunia penjara akhirat dua-duanya bikin kita merintih.
seolah militan, padahal plin plan, makan tulang kawan, temen loe setan ? oh kasiaaan....
kakehan iku ora apik.
kakehan rembug, nyatane mung gludhug lan bledug. njalari perihing netra.
kakehan ukara, nyatane mung ngayawara. njalari umubing hawa.
kakehan celathu, sarwa enak kaya dongeng sadurunge turu. njalari kapusaning rasa.
kakehan janji manis, nyatane mung lamis. den tagih amung pringas pringis..

Selasa, 20 November 2012

rebut gaweyan

bocah  loro iki isih sedulur sak embah, arane sedulur apa ya, nek cara bahasa indonesia mono arane "saudara sepupu". sing rambute rada ngombak jenenge DAME, cekakan saka Dameria Cahya Mentari Umardhaniprasetya, anake adhiku wadon. dene sing rambute dikuncir najan rambute mung sak umprit iku jenenge DIKA,  cekakan saka Ramadhani Dharma Mahardikawati Handoyoputri, anakku sing nomer telu. wah, tibake anakku wis akeh ya. ora krasa pancen awake dhewe tansaya tuwa.  bocah sakloron lair taun 2010 kepungkur, wulan agustus, mung beda rong dina, anakku lair tanggal 14 wengi dene ponakanku lair tanggal 16 wengi. kanggo gampanging pepeling, ana ing layang klairan ponakanku dicathet lair tanggal 17 agustus, dina kamardikan, dene anakku tetep kacathet tanggal 14 agustus, dina Kepanduan utawa  Pramuka.
wis lumrahe bocah, sarwa lucu lan nggemesake pratingkahe. gandheng ora manggon sak omah, nek suwe ora kepethuk ajeg nakonke, nek kepethuk ya trus dolanan gayeng, sok  nganggo ana sing nangis iku wis lumrah. kaya kang isa panjenengan pirsani ing gambar ndhuwur iku, bocah loro nembe rebutan sapu ana  latare simbok gedheku, mBok Giyah.
lha iya tho, nek bocah cilik ki gaweyan wae dinggo rebutan. apa ana critane nek "bocah tuwa" uga rebutan gaweyan? nek isa malah nyingkrihi gaweyan tho. nek dhuwit utawa bayarane iku sing mesthi dadi rebutan.
"ana  rembug, dirembug bareng. ana panganan, dipangan bareng. ana gaweyan? tinggal lunga !"
ora ngajak utawa ngajari lho, aku mung crita.