Minggu, 13 November 2011

tehku isih separo

"...isi gelasku isih separo,
teh kang wis tansaya anyep njejet,
kegawa ati kang nglokro..."



Jumat, 11 November 2011

siji maneh dadi papat

"penake pancen kerja karo mlaku mlaku,
ora mung lungguh mbegegeg kaya reca watu,
malah marakake neng awak kaku,
e lhadalah bapa lan sibu,
sapa kae saka kadohan kasawang netraku,
sajake nembe nguncali esem marang aku,
nyata manawa piyayine manis ayu,
apa dheweke ana rasa kanggo aku,
apa mung kagedhen rumangsaku,
ananging iba bungahing atiku,
manawa slirane nyata gelem karo aku,
mendah olehku saben dina kudu ngunjuk jamu,
amarga saiki wae bojoku cacahe wis telu.. "

aneka ria safari

"rame tenan wengi iki,
artis2 wiwit kang lokal, ibukota, uga saka manca negari,
ora mung didi kempot uga katon_bagaskara irma_june slank gigi anggun rita_efendi nugie tekan nidji,
rick price vertical_horizon chicago hoobastank nganti kumandhanging bohemian rhapsody,
suara ngayut ayut lan dhedhombrengan gilir gumanti,
rebut papan ngisi selaning wengi...lan ati..,
jare kaka slank ~terbunuh sepi~ "